Angon Wedhus


Wonk gemblong pethuk mbah dwy lagi angon wedhus.

"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Wonk gemblong maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare mbah dwy ambek ngarit suket

Wonk gemblong takon maneh.

"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."

Wonk gemblong bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.

"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"

"Ngene lho, sing putih iku wedusku..."

"Lha sing ireng ?"

"Podho . . ."
Share this article :

+ komentar + 1 komentar

zhap
2 November 2012 pukul 19.25

kaku tenan wetengq kang,,,,,,!!!!!!!!!

Posting Komentar

silahkan tinggalkan komentar disini

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Dp.Net - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger